Kamis, 19 Juli 2012

Enyong kangen karo kowen

Njagong enyong neng pinggir elon
Weruh manuk pating cricit
Kelingan kowen bocah ayu
Bocah wadon sing gawe semangate enyong nganti munjuk

Godong-godong jowar sing neng ngarepe enyong
Kayonge melu ngrasakena kengene enyong maring kowen
Dong kowen nylomod atine enyong nganti kebakar geni mulad-mulad
Kebakar ganing genineng dewa amor

Awan lan bengi, ora karuan pikirane enyong mikiri kowen
Ora bisa turu
Ora doyan mangan
Ora teyeng mikir
Bisane mung mbayangena raine kowen tok

Bocah-bocah cilik sing liwat
Weruh enyong nggal dina ngomong dewekan
Kandah karo sandale kowen
Donge kowen neng endi?
Aku kangen karo kowen

Tidak ada komentar: